Dewi
Kunthi
Miturut Kitab Mahabarata, Dewi
Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing
kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu
Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa,
Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Ana ing pewayangan, Dewi Kunthi
nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik deweke wis mulai ngangsu
kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo Resi Druwasa, guru
spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disanguni mantra
Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing mampu nyepaki Bhatara Surya.Kamangka kuwi
Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi isih
dilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kanggo nemtukake sapa kang
bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake saymbara "Giri
Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya Basudewa bakal
dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngerti yen
anake ngandhut. apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa. amarga Raja murka,
Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji Pameling" kanggo
ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi.amarga saka keampuhan lan
kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat talinga.
Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi mau diwenehi
jeneng "Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo njaga kehormatane kerajaan,
Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi mau ditemu Kusir Kreta
Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perang tandhing sing
digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi
langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap sumpah ora bakal
nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma.
Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu sing telat teka ing acara
sayembara. Pandu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa
ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur
dipasrahake.Kanggo ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang aran
Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandu.
Ana ing tengah ndalan nalika bali
ning Ngastina, Pandu ketemu dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu
Gandara, sing sajake uga pingin milu sayembara perang tandhing. Nanging amarga
telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang perang tandhing nglawan
Pandu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adine
sengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.
Raden Pandu bali ing Ngastina nggawa
telung putri. sawise tekan kraton, Pandu banjur masrahake putri-putri mau
dening Ramane, Wiyasa. sabanjure Wiyasa dawuh dening Destarasta supaya milih
dhisit salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adine Sengkuni.
Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi garwane
Raden Pandu.
Saka Dewi Kunthi, Raden Pandu nduwe
telung putra yaiku Puntadewa,Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim,
Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan Sadewa.
Tatkala Negara Ngastina dipasrahake
dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake
perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa
wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahna maneh dening Pandhawa.
Perjanjian mau disaksikna Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja
Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging
amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan
rebutan antara Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut
baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug nanging ora ana hasile.
Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dadi
pinengahe pandhawa lan kurawa. Nanging amarga kabeh macem rembugan ora nggawa
hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing,
perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala kurawa lan wis mesti Negara
Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis rampung
kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka Ngastina lan
nyepi(tapa) ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire
Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.
Nilai-nilai kang kandhut ing cerita
babagan Dewi Kunthi yaiku :
1. Kudu
bisa nepati janji.
2.
Luwih becik yen paseduluran digawe
tentrem ayem.
3. Yen
dipasrahi dadi saksi kudu mampu ngrewangi mlaku ning dalan kang bener.
Tags
Budaya