Dewi Srenggana-Srenggini nyimpen
ilmu sejatining lanang-wadon
Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini
iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing
jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut
Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati. Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka,
nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake
Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake
saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.
Bathari Durga sing njilma wujud Dewi
Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining
wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur
njaluk saresmi kalawan Sahadewa. Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi
Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti
daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa
milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden banjur nyuwek sandhangane lan
wadul marang Werkudara.
Bima dadi lan nesune nalika weruh
kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise ngerti yen suweke
sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap Sahadewa
kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa
sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati.
Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile
Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa sing ditemokake mati
banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon tinakokan kalawan
Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan anake wadon.
Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri kembar
anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining
lanang, sejatining wadon. Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan napsirake ilmu
kasebut. Putri loro kembar iku dening Resi Badawanganala banjur dipasrahake
marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta utawa Amerta.
Satekane ing Endraprasta, Sahadewa
lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden lumantar pitulungane
Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit, yaiku Bathari Durga.
Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing pasetran Ganda Umayi utawa
Gandamayit. Wusana, Dewi Srenggana utawa Srengganawati dhaup lan Nakula, dene
Dewi Srenggini utawa Srengginiwati tetep dadi sisihane Sahadewa.
Tags
Budaya
Harrah's Casino Reno, NV - KTNV
BalasHapusHarrah's Reno Hotel and 강릉 출장샵 Casino 김해 출장마사지 in 김제 출장마사지 Reno, NV 군산 출장안마 - 오산 출장안마 Find the best deal and discounts at Jambaseer.com. Book the hotel with Jambaseer today.