Rama Lan Shinta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta,
kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana,
saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng
ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang
kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra
lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang
sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba
suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang
hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring
asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta
lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban
manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama,
aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara
punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke
wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan
dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta
wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya
ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan
Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari
Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama
lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu
bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka,
Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman
didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha
mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing
silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku
ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange
sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan
dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske
wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke
tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa
ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka.
Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan
mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya
bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni
kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba
taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang
gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama
dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali
menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga
dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur
ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa
ala tumrap garwane.
Tags
Budaya