خطبة عيد الفطر
Kawedalaken Dening
:
Kantor Kementerian
Agama Kabupaten Purworejo
(Kangge Kalangan
Piyambak)
Edisi 2025
.
Gesang Harmonis Kanthi Taqwa
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الله
ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله
ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ لاَإلَهَ إلاَّ
الله ُوَالله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ وَلِلَّهِ الْحَمْد ، الحَمْدُ لِلَّهِ
الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلاَ أنْ هَدَانَا الله ُ
،أشْهَدُ أنْ لاَإلَهَ إلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ ، وَ أشْهَدُ أنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلكَرِيْمِ وَعَلَى آلِهِ وَآصحَابهِ
الطَّاهِرِيْنِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ ! اتَّقُوا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ, وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ وَعِيْدٌ
كَرِيْمٌ, أَحَلَّ اللهُ لَكُمْ فِيْهِ
الطَّعَامَ، وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ، فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ
وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ ، فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ
وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هو الْغَفُوْرُ
الرَّحِيم
Hadirin Jama’ah Sholat Idul Fitri
Rahimakumullah.
Alhamdulillah puji saha syukur konjuk
wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT engkang
sampun paring kanikmatan wonteng ing dinten idul fitri punika . Allahumma Sholi
‘ala Muhammad, sholawat lan salam mugi konjuk wonten ngarsanipun Kanjeng Nabi
Muhammad SAW lan para Shahabatipun ugi dateng Umatipun dumugi akhir zaman.
Lan mangga sami
ambudidaya amrih saget istiqamah anggenipun ngibadah , ningkataken iman lan taqwa , sebab boten wonten sangu
engkang paling sae kangge tumuju akherat kejawi namung taqwa.
Jamaah Sholat
Idul Fitri Rahimakumullah
Ing
wekdal punika kita sampun mlebet tanggal 1 Syawal sak sampunipun
ngelampahi siyam sewulan lan ibadah sanesipun . Manah kita, rumahos remen, ayem lan trenyuh. Kita syukuri kanthi ngathah-ngathahaken maos
takbir utawi ngagungaken asmanipun Allah SWT. Kados dawuhipun wonten ing Al Qur’an:
وَلِتُكْمِلُوْا العِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلىَ مَا
هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
Tegesipun:
”Lan supaya sira padha nyampurnaake wilangane puwasa mau lan padha ngegungna
Allah dene anggone wus paring pituduh ing sira kabeh lan supaya padha syukur.” (QS. al-Baqoroh, 2:185)
الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ ْ وَلِلَّهِ الْحَمْد
Manah kito saklangkung trenyuh malih,
awit Allah SWT sampun ndadosaken wulan
Ramadan mligi kagem kita, umat
Nabi Muhammad SAW. Ing saklebetipun Wulan Ramadhan wonten setunggal dalu, ingkang langkung mulya tinimbang sewu
wulan inggih punika malem Lailatul Qadar.
Kanthi kumandangipun takbir lan tahmid, kita sami ninggalaken Ramadan ingkang insya Allah, sampun gembleng manah, ngasah jiwa
sarta pikiran, sahingga dados pribadi
taqwa Mugi-mugi saget kanthi
istiqomah anggen nindaaken sedaya perintah lan nebihi awisanipun Allah SWT.
Saking agungipun kalimat Takbir, menawi dipun hayati makna
lan pesenipun, sahingga dipun perintah dening Allah SWT. Naliko kita sampun nglampahi siyam sewulan nutuk lan sampun
mlebet dinten idul fitri .
Tanpa ngumandangaken takbir , kita dereng dipun anggep
bersyukur , kamangka tanpa bersyukur siksa Allah nunggu kita sedaya.
الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ ْ وَلِلَّهِ الْحَمْد
Jamaah Sholat Idul Fitri Rahimakumullah
Minangka manungsa ingkang gadahi iman,
kita kedah pitados bilih Allah nyiptaaken manungsa ing alam donya punika
minagka Khalifah ing Bumi lan tugasipun
, tentu dipun wiwiti saking pribadinipun piyambak, keluarga lajeng masyarakat lan tansah ngrekso
lan jagi kedamaian ing alam donya.
Suasana damai dipun wiwiti saking diri
pribadi saben manungsa, boten saged kaleksanan menawi taksih wonten percekcokan
lan mungsuhan. Pramila saben individu mukmin kedah tunduk lan patuh kaliyan
setunggal panguwaos, setunggal pencipta ingkang dadosaken keseimbangan lan
keselarasan ing bumi inggih punika Allah SWT. Ampun kumawantun damel
mungsuhan kaliyan Gusti Allah ngangge
cara nyekuthoaken . Ampun ngantos sami nyuwun pitulungan kejawi namung
kaliyan Gusti Allah, kados dawuhipun:
ضَرَبَ
اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلًا فِيْهِ شُرَكَاۤءُ مُتَشٰكِسُوْنَ وَرَجُلًا سَلَمًا
لِّرَجُلٍ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًاۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا
يَعْلَمُوْنَ
Tegesipun:”
Allah wus andamel ‘ibarat ! Sawijining wong kinawulaake
bendara akeh , bendarane tansah padha pasulayan, iku ibarate wong musyrik , la nana maneh
wong mligi mung kinawulakake bendara siji , iku ibarat wong mukmin ; apa padha
sanepane wong loro mau ? Yekti ora padha ! Ana dene sakabehing puji iku
kagungane Allah , ananging akeh-akehe wong ora padha mangerti” (QS. az-Zumar, 39:29)
Ayat ing nginggil nggambaraken dateng kita, bileh wonten
setunggal budak ingkang kedah manut kaliyan kaleh majikan , ananging majikan
kala wau saling memengsahan . Temtunipun budak kala wau kedah anggadahi
kepribadian ganda utawi munafik. Mangga bandingaken kaliyan budak ingkang
namung nderek kaliyan setunggal majikan , budakipun mesthi boten bingung napa
malih majikan anggadahi sifat sae
Ayat punika ugi njelasaken dateng tiyang ingkang
nyekutoaken Allah lan pitados wontenipun pengeran sanesipun Allah kang ngatur jagat , pramila mangga
dipunbandingaken kaliyan tiyang ingkang mukmin ingkang tunduk lan patuh dateng
Allah mawon.
الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ ْ وَلِلَّهِ الْحَمْد
Kita sedaya Umat Islam, sinaosa benten,
mazhab, benten pilihan partai politik,
benten organisasi kemasyarakatan, ananging tetep setunggal bangsa,
setunggal basa, lan setunggal tanah air, lan kita sampun sepakat Ber-Bineka
Tunggal Ika. Wonten ing ajaran Agama Islam ugi mboten nglarang kita,
berkelompok utawi berorganisasi. Ingkang dipun larang Gusti Allah Punika, berkelompok ananging tansah memengsahan lan
cecongkrahan, cacad cinacadan, kados Dawuhipu Allah:
وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّذِينَ تَفَرَّقُواْ وَٱخۡتَلَفُواْ مِنۢ بَعۡدِ
مَا جَآءَهُمُ ٱلۡبَيِّنَٰتُۚ وَأُوْلَٰٓئِكَ لَهُمۡ عَذَابٌ عَظِيم
Tegesipun:” Lan sira aja padha dadi
kaya dene wong kang padha pepisahan pating slebar , lan padha padudon pasulayan
sawuse dheweke katekanan pirang-pirang keterangan, wong kang mangkono mau bakal
padha kapatrapan siksa kang abot anggegirisi”. ( QS. Ali ‘Imran [3]: 105).
Keragaman lan perbedaan minangka kodrat
saking Allah kangge sedaya makhluk kalebet manungsa. Kalimat Takbir (Allahu
Akbar) dados simbol pemersatu umat Islam sak alam donya.
Kados menopo kahanan kita , wonten
kahanan sedih, remen , taksih nandang gerah , kenging bencana alam lan sanes-sanesipun ,
kanthi kalimat takbir kita saged ngraosaken pribadi ingkang utuh ingkang namung
pasrah lan manembah dateng Gusti Allah Engkang Maha Agung. Menawi kaleres dipun paringi nikmat, piyambaikipun tansah
bersyukur, lan menawi taksih nampi pacoban saking Allah tetep bade sabar , menawi dipun engetaken tiyang
sanes amargi klentu piyambakipun bade getun lan rumahos lepat ,mahos istighfar
, nyuwun ngapura lan wantun tanggung jawab kaliyan tumindak ingkang lepat kala
wau.
Hadirin Jamaah Sholat Idul Fitri ingkang minulya
Sok sinten mawon ingkang ngrasuk dateng agama kedah rumaos
sesarengan kaliyan tiyang sanes. Saged ngurmati , ngregani lan ugi njagi dateng
tiyang–tiyang ingkang wonten sandingipun. Kahanan saling menyadari lan njagi
perasaan tiyang sanes punika ingkang kasebat keharmonisan.
Masyarakat ingkang nyawiji
keimananipun
dateng Allah bade saling anjagi supados boten sami bantah bantahan lan padudon
dateng sesami anggota masyarakat. Kawontenan
kados mekaten saged kedadosan
amargi masyarakat ingkang bersatu (nyawiji) bade tansah njagi supados boten
kedadosan perkawis kang nuwuhaken pasulayan, kados
ingkang dipun dawuhaken Allah SWT,
وَأَطِيعُواْ اللّهَ وَرَسُولَهُ وَلاَ تَنَازَعُواْ فَتَفْشَلُواْ
وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ وَاصْبِرُواْ إِنَّ اللّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Tegesipun:”Lan prayoga sira
padha andhereka marang Allah lan Utusane , lan aja nganti padha derdah
pasulayan , sebab mengko mundak sira dadi ringkih , lan ilang perbawane , sarta
sira padha disabar , sanyata Allah iku anartani wong-wong kang padha sabar.” (QS. al-Anfaal, 8:46)
Masyarakat kang harmonis punika tansah
mbangun hubungan kanthi dasar ketakwaan, keimanan lan kabecikan. Tansah ungkul-ungkulan babagan kang sae lan
rumahos setunggal rasa nyawiji kados dawuhipun Rasulullah
SAW :
مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِي
تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى
مِنْهُ عُضْوٌ تَدَاعَى لَهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمَّى
Tegesipun: ” Paribasan wong-wong Mukmin anggone sih kinasih lan katresnan, lir
kadiya siji awak , menawa salah siji anggota ngrasaake lara , mangka sak awak
bakal ngrasake panas lan demam ora bisa turu.” (Al Hadits)
الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ الله ُأكْبَرْ ْ وَلِلَّهِ الْحَمْد
Hadirin Jamaah Sholat Idul Fitri Rahimakumullah
Pramila wonten dinten fitri punika ,dinten ingkang dipun
ajeng-ajeng minangka dinten kemenangan , mangga kangge moment sae, kita wangsul
dateng ajaran tauhid ingkang ngajaraken
persatuan, silaturahim lan paseduluran Kados dawuhipun Allah :
وَلْيَعْفُوا وَلْيَصْفَحُوا أَلَا تُحِبُّونَ أَن يَغْفِرَ اللَّهُ
لَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
Tegesipun: ”Lan wong-wong mau kudu ngapura sarta kudu
lila legawa . Apa sira kabeh ora dhemen menawa Allah ngapura marang sira ? Lan
Allah iku Maha Ngapura tur Welas
Asih .” (QS. an-Nuur, 24:22)
Jamaah sholat Idul Fitri Rahimakumullah
Mangga tali silaturahim kita giataken maleh , salam salaman , halal bihalal , saling
apuran–apuranan lan anjagi perdamaian saha keharmosisan. Mugi–mugi Allah sak estu
dadosaken kita tiyang ingkang taqwa , dipun paringi maghfirah , urip ayem
tentrem gemah ripah loh jinawi dunya akherat benjang dipun lebetaken dateng
suwarganipun Allah SWT.
Aamin
اَعُوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَأَمَّا مَنۡ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِۦ وَنَهَى
ٱلنَّفۡسَ عَنِ ٱلۡهَوَىٰ فَإِنَّ ٱلۡجَنَّةَ هِيَ ٱلۡمَأۡوَىٰ. جَعَلَنَا اللهُ
وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ
وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَأَقُوْلُ
قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ
الرَّحِيْمُ
KHUTBAH
KEDUA
اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
اللهُ
اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ
أَصْيْلاً ,لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ, اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ
اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ
وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. وَقَالَ عَزَّ وَجَلَّ: اِنَّ
اللهَ وَمَلاِئكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ امَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلى
سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ
للِمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
وَياَقاَضِيَ اْلحاَجَاتِ. اَللّهُمَّ اَعِزِّ اْلاِسْلاَمَ
وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاَهْلِكِ اْلكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ
الدِيْنِ اِنَّكَ عَلى كُلّ ِشَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا هَبْ لنَاَ مِنْ
اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّياَتِناَ قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَاجْعَلْناَ لِلْمُتَّقِيْنَ
اِمَامًا. رَبنَّاَ اتِنَا فِي الدُّنْيَاحَسَنَةً وَفِي اْلاخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ. عِبَادَاللهِ,
اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِ يْتَاءِ ذِي اْلقُرْ بى
وَينَهْى عَنِ اْلفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ. اُذْكُرُوْااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ
اَكْبَرُ
SL